Sliraku ijih
eling, Nimas, nalika sliramu uluk pitakonan sing uwis kapendem ning jroning atimu. Luh netes saka netramu. Sajak abot, anggonmu nata swara. Sliraku mangerteni.Saiki utawa mengko, kabeh kuwi bakal kedadeyan.
Ora ana sing
kepenak, kahananku uga kahananmu. Nanging temtu kudu dilakoni kanthi semeleh amarga pancen kuwi sing paling
becik, wektu iku. “Urip katon ora nyenengake, kangmas. Sliraku ora bisa gathuk karo
liyane kejaba sliramu,” gunemmu kanthi mbrambangi.
Tak jaluk pangapuramu, Nimas. Sliraku uga ora kuwasa nadhang tresna marang liyane. Mbokmenawa
kuwi pancen uwis ginaris lan ra orane bisa diendhani. Tresna iki ora bisa dijabarke kudu
piye, utawa kudu karo sapa anggonku nyelehke ati.
Nalika rasa tresna ini kadung temancep ning sawijining kenya sing ijih pernah sedulurmu, kuwi uga uwis ginaris. Arepa diwalik-jungkir, sing tak impi-impi tetap dudu sliramu, Nimas.
Sanajan sliraku tekan saiki yo durung entuk slirane.
Sliraku
tampa kahanan sing ora bisa miturut panjalukku. Semana uga sliramu, Nimas. Amarga kuwi, sliraku njaluk kanthi temenan, sliramu mesthi bisa nampa kahanan. Sliraku sarujuk, kahanan
iki durung ana jabar-jereng rampunge kepiye.
Sliraku mung
bisa meneng, lan ngematke, semana uga sliramu. Atiku lara keranta-ranta, semana uga atimu.
Wengi iki sliramu kepethuk sliraku. Sliraku ora bisa natap netramu sing bening
kuwi metu luh’e. Tresnamu, Nimas, ngungkuli tresnane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar